Menu

Thursday 2 January 2014

Teks MC, pembawa acara, master of ceremony, Bahasa Jawa



Teks MC bahasa jawa
Oleh; Moh. Elit Saputra


Berikut ini adalah Teks Teks MC, pembawa acara, master of ceremony.   Bagi Remaja Bahasa Jawa ini, ditulis untuk membantu para anak-anak sekolah dalam mengerjakan tugas sekolahnya, Lebih jelasnya silahakan lihat Contoh Pidato Bahasa Jawa – Sambutan Ketua Panitia dibawah ini.
 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

بسم الله الرحمن الرحيم

أالحمد لله رب العالمين وبه نستعين وعلي عمر الدنيا والدين. والصلاة والسلام عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد،ٍ خاتم الأنبياء والمرسلين، وعلي آله الطيبين، وأصحابه الأخيار أجمعين، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْد
  • Hadrotal muhtarom Poro Alim , poro bapak kiyai tokoh masyarakat dusun grogolan engkang tansah kaulo tenggo-tenggo sedoyo fatwa ipon, langkong-langkong dumateng Romo kiyai Syaifuddin engkang tansah kaulo mulya aken soho bpak Aqib Mustaghfiri engkang kaulo hormai ugi, Mugi Allah SWT Tansah maringi umur engkang panjang dumateng beliau soho sedoo ahli warisipun,. Amin,,,.
  • Dumateng ketua Pondok Syaiful anwar soho sedoyo staf-staf ipun engkang kaulo hormati
  • Bapak kepala desa ngrogolan soho bpak kepala desa ngagel beserta jajaran perangkatnya engkang kaulo  hormati
  • Mboten kesupen dumateng santriwan santriwati senasib seperjuangan senampan sewajan sak kotak an engkang kaulo gandrungi lan kaulo bangga-bangga aken penjuanganipun.
Alhamdu lillah wasyukrulillah wonten  ing dalu meniko kito sedoyo tansah pinaringan  rahmat taufiq lan hidayahipun, sahinggo kanti lagkah engkang jejeg, toto busono engkang rapi, kito saget angkrawuhi malis ta’lim pondok syaiful anwar meniko kanti sehat wal afiat mboten wonten alangan setunggal menopo. Mugi kito sedoyo kalebet hambanipun  Allah SWT , Ingkang anggadahi iman lan taqwa, Amin. Ya robbal alamin!
Kapeng kalehipon sholawat soho salam katur junjungan kito nabi agung Muhammad SAW, Beliau inggih meniko namong setunggaling menungso ingkang saget mbedah bendungan masa jahiliyah menuju samudero ilmiyah yang terang benderang kebak ngilmu pengetahuan kados meniko. Mugiho kito sedoyo termasok umatipon engkang pikantok syafaat mbesok wonten yaumil Kiyamah.. Amin..
Kapeng tigangipon kaulo mator wonten mriki minangkani pranoto adicoro
            Engkang bade maosaken susunan adicoro wonten ing dalu meniko:
  • Adicoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan
  • Ingkang ongko kaleh wosan ayat-ayat suci al-qur’an
·        Ingkang ongko tigo tahlil umum
  • adicoro Ingkang ongko sekawan inggeh meniko sambutan-sambutan.
  • Dilajengaken adicoro engkang ongko gangsal inggih meniko sambutan inti,
  • Engkang terakhir inggih meniko penutup.

Lumampah wonten ing adicoro ingkang ongko setunggal ingih meniko pembikaan monggo sareng2 kito bikak kanti waosan surah Al-Fatihah,,
Alaniyatus sholihah Alfatihah...!!!
Amin ya Robbal Alamin,,, mugiyo kanti waosan meniko , acara wonten ing dalu meniko lancar wiwit awal ngantos akhir mboten wonten alangan setunggal menopo.
Ø  Sak lajengipon inggih meniko waosan ayat2 suci al-Qur’an, Engkang bade dipon Waos Sederek.................................. Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Mekatenlah waosan ayat2 suci al-Qur’an engkang Sampon dipon waosaken sederek............................................... Dumateng Sederek ......................... kaulo atoraken Mator sembah suwon..
Ø  Wondene adicoro engkang ongko tigo inggih meniko Waosan Kalimah Tahlil, wondene tahlil meniko bade dipon pimpin sederek............................. Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Mekatenlah waosan kalimah tahlil engkng sampon dipon astoaken sederek................................... mugiho Allah SWT tansah Maringi pangapuro dumateng sedoyo ahli wares kaulo lan panjenengan sami. Soho dumateng sederek .............................................. kaulo aturi mator sembah suwon.
Ø  Mlampahi dumateng adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko sambutan2,,
sambutan bagian A ingkang bade dipon sampeaken sederek......................... Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Mekatenlah sambutan sakeng sederek............................ dumateng sederek .............................................. kaulo aturi mator suwon.
sambutan bagian B ingkang bade dipon sampeaken sederek......................... Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Mekatenlah sambutan sakeng sederek............................ dumateng sederek .............................................. kaulo aturi mator suwon.
Ø  Mlampahi dumateng adicoro ingkang ongko Gangsal inggih meniko Sambutan Inti,, utawi ne mauidloh hasanah, wondene mauidloh hasanah ing mriki:
Ø  Ingkang Sepindah bade dipon sampeaken sederek......................... Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Ø  Ingkang Sepindah   maneh  bade dipon sampeaken sederek......................... Dumateng sederek .......................................... wedal soho panggenan kaulo aturaken sumonggo.!!
Mekatenllah  tausiah demi tausiah sampon dipon sampeaken, mugi2 saget bermanfaat FIDDIINI WADDUNYA WAL AKHIROH,, Amin2 ya robbal alamin.
Hadirin yan berbahagia.....
Sedoyo rincian adicoro sampun kalksanaaken kanti sukses,   monggo sareng2 kito tutup adicoro ing dalu meniko kanti waosan hamdalah... Alhamdulillahi robbil alamin..
Santen peresan klopo cekap sementen ator kaulo...
Kupat dibuntel kloso menawwi lepat nyuwon ngapuro,...

وبالله التوفبق والهدايه والضى ولإنايه

ثم السلام عيكم ورحمة الله وبركاته


Semoga Contoh Teks Naskah Pidato MC, pembawa acara, master of ceremony menggunakan Bahasa Jawa diatas dapat sedikit membantu dalam mengerjakan tugas sekolah dan bermanfaat bagi semuanya. dan apabila ada kekurangan dalam penulisan pidato MC, pembawa acara, master of ceremony dengan bahasa jawa ini kalaian bisa mengedit atau mendambahkan kata-kata agar lebih baik lagi dan lebih sempurna

No comments:

Post a Comment