Menu

Friday 23 November 2018

Kunci kebahagiaan dunia




اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ ..............................
الحمد لله الذي قد أوجدا ، من نوره نورا به أمّالهدي ، اشهد ان لا اله الله وحده لا شريك له ، وأشهد أن سيدنا ونبينا محمد عبده ورسوله ، اللهم صل علي سيدنا محمد وعلي اله واصحبه ومن تبعهم الي يوم القيامة، أمّا بعد.

Shohibal Fudhola’, wal Kuroma’, Al Ajilla’, Al ‘aizza’, Poro Bapak Kiyai, Ibu Nyai, ingkang tansah kito tenggo tenggo sedoyo fatwa lan Muidhoh Hasanahipun, Wabil Khusus, Ibu. Nyai........................ ingkang kaulo Mulya’aken.

Ingkang Dahat Kinormatan, Ibu-ibu, jamaah maulid nabi musholla al-huda cepoko kidul, ugi sedaya pengurus Musholla Alhuda Alhuda Cepoko Kidul.

Ingkang Dahat kinabekten, Lurahe, pak RW, Pak RT, Ugi Sedoyo Aparat Pemerintah desa, se Desa Ngagel Kecamatan Dukuhseti Kab. Pati. Merdeka!!!!
Ingkang Dahat Kinormatan, Para dewan juri, Panitia Penyenggara, Rekan Rekan  kontestan Pildacil, serta para para Supporter , mana Pendukung saya Angkat Tangan..... !
terimakasih terimakasih.
Hadirin wal Hadirot ingkang Kaulo mulya’aken.
Pripun Panjenengan Punya Kabar, Sehat kan?  Alhamdulillah, wajib niku Ngucap “Alhamdulillah” keranten  ucapan Alhamdulillah niku njih wujud rasa Syukur kita dhumateng  Allah SWT. Ngoten Nggeh bu’, Ngoten nggeh pak, ngoten nggeh teman teman.

Sanese Alhamdulillah kito sedoyo kedah maos ngeten ya,
Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad!
Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad!
Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad!
Kengeng nopo toooooo buuuuu’,,,, sebab meniko wujud Rasa cinta lan terimakasih kita kepada beliau baginda Nabi besar Muhammad SAW.
Amergo nopo, seumpami kok mboten Wonten Nabi Muhammad SAW, kito sedoyo umat menuso mboten ngantos gesang ngantos zaman sak meniko bu’... Geneo, keranten nopo kok mekaten, hehehe.... mangke di bahas sanes wedal bu’, sebab dalam kompetisi ini judul saya bukan itu bu’... oke.
Seporter saya mana suaranya ...!

Hadirin wal hadirot ingkang kaulo mulyaaken.
Wonten ing acara kompetisi Pildacil siang meniko, kaulo ingkang asmo “Ayatul Husna” bade ngaturaken judul “Kunci Kebahagian Dunia Akherat” ngeri judul e niki bu’, coro jawane yen di pritili maknane bu’ niko kirang langkung mekaten:
 “ Kunci” jawane niku kontak, leres nggeh. Nek salah nggeh ngapunten. Saya hanya manusia biasa bu’, biasa aja kali, hehehe...
Kunci kebahagiaan dunia aherat meniko tegese hal nopo ke mawon ingkang saget andadosake manusia meniko mencapai predikat kebahagiaan mulai dari dunia sampai akherat.
Keranten nopo kok Bahagia mawon kedah wonten kuncine bu’.. hayo sinten ingkang Saget Njawab tak hadiah i... temenan leres iki . hoya ora ngandel peh aku wae leh.
Jawabanipun, karena Bahagia iku Aboooot . Monggo jenengan niruake kulo nggeh, ” Bahagia niku Aaa boooot”
Lajeng tiyang yen pengen bahagia dunia akherat meniko, kuncine nopo bu?
Kuncine Cekelono “Pacol” kulo Wangsuli nggeh , Cekelono “paa col”. Mesti podo bertanya tanya iki, jare kunci kok malah Pacul,.
Kulo Jelasaken nggeh bu’ “ pacul meniko perkoro papat ojo nganti ucul” Pacul, wangsuli maleh bu’ , pacul niku “ Perkoro Papat Ojo Nganti Ucul”
Wonten Hadist Nabi Muhammad SAW.:
أربع من سعادة المرء : أن تكون زوجته صالحة، وأولاده أبرارا، وخلطاؤه صالحين، وأن يكون رزقه في بلده.
Artosipun :
أربع من سعادة المرء
“ Ono Patang perkoro ingkang saget Ndadosake Kabahagiaane Menuso: opo kabeh iku
Nomer siji , أن تكون زوجته صالحة ( Piyantun meniko Bojone kudune wong Wadon Seng Sholihah)

Nomer Kaleh,   وأولاده أبرارا( Sedoyo lare larenipun kedah lare ingkang Abror, Abror meniko Maknane sae” Tegese Saget Mikul Duwur Mendem jero” coro Jawane yoiku ngabekti full marang tiyang sepuh kekalihipun)

Nomer tigo, وخلطاؤه صالحين ( Kumpulane , Kanca kanane kedah tiyang ingkang sholihin, Tiyang tiyang ingkang sholeh2 akhlake)

Ingkang ongko sekawen, و رزقه في بلده ( Rejekine tiyang meniko kedah ing daerah e piyambak , tegesipun mboten Tebih saking griyanipun).

Sampun jangkep to bu nggeh, sekawan perkawis meniko , sepindah tiyang meniko Garwane utawi bojone Wanita ingkang Sae, ingkang ongko kalih, Putra putranipun kedah putro ingkang Sae, kaping tigo, rencang rencangipun nggeh tiyang sae sae, lajeng terakher rejekine, utawi ulihe nyambut gawe ora adoh soko umahe dewe.

Lha sekawan perkawis niku mou, Mboten kok mak bedunduk terus kasil , tp butuh perjuangan. Kepiye carane supados sekawan perkawis mou saget khasil. Meniko wonten kuncine nggeh bu’, kuncine nopo? Kuncine wonten ing perkoro ingkang ongko setunggal inggih meniko,  زوجته صالحة( Garwane utawi bojone kedah benar benar wanita yang sholihah). Lha kok saget , monggo di angen angen nggeh bu’, pa’.

Sak niki tiyang gadah garwo ingkang sholihah,
Nek bojone wong sampun sae otomatis mangke menawi mutro, mpun mesti putrane nggeh putro ingkang sae, karena anak yang sholeh hanya terlahir dari seorang ibu yang sholihah.
Masuk akal to bu’, lha nggeh  masuk akal.

Lajeng nek garwane mpun sae, putrane yo sae, uwong mestine ameh kumpul kalian rencange nggeh mileh rencang ingkang sae ugi, wong anak bojone Mpun sae kok, dak leres a bu’.

Lha terus nek sepindah, garwo mpun sae, Putra putrane sampun sae sae , rencange tiyang tiyang ingkang sae sae, otomatis mpun mboten kedonyan bu’ , wes ura patek butoh donyo akeh akeh, penting cukup ngono wae. Dadose yo mboten usah tindak teng luar negeri wong sampun ngeroso cukup, dak nggeh a bu’ , leres a meniko.

Maka kesimpulannya , kunci kebahagiaan dunia adalah PACUL, Patang perkoro ojo nganti Ucul, dan di ringkas jadi satu yaitu Wanita Sholihah.

Wahai para wanita , rebutlah gelar Wanita sholihah, karena wanita sholihah adalah Kunci Kebahagian Dunia Akherat.

Hadirin wal hadirot ingkang kaulo mulyaaken.
Langkung sae kaulo tutup kanti sholawat nggeh... sholawate gampang iki, tapi asyik..
Satu dua tiga,  “ sholatullah salamullah ala thoha rasulilah , sholatullah salamullah ala yasin habibillah”
“ ono Ulo ulo dumung , ulone nek ngisor # dadi juri ojo bingung bingung seng muni iki dibiji Luwong”
Monggo semuaaa  “sholatullah salamullah ala thoha rasulilah , sholatullah salamullah ala yasin habibillah”
Ulo dumung ketiban klopo, Cekap semanten atur kaulo.
Monggo semuaaa  “sholatullah salamullah ala thoha rasulilah , sholatullah salamullah ala yasin habibillah”



 وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ ..........................