Menu

Tuesday 19 June 2018

Teks MC Ngantenan Bahasa Jawa


السلأم عليكم ورحمة الله وبركاته
ألحمّد لله .ألحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه , ونعوذ بالله  من سرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا , من يهد الله فلا مضلّ  له  ومن يضل له  فلا هادي  له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له , وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله .
·         Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
·         Dumateng poro sesepuh  pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
·         Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
·         Para penderek pinanganten kakung saking tlatah Margomulyo tayu  ugi  para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
·         Mboten Kesupen grub  rebana klasik Nurul Hasyim saking tlatah Ngagel Dukuhseti, kang Mas Operator Audio Wares Sound System Cepoko Kidol soho soho Panitia kemawon ingkang berbahagia .

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo Muji dalah syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, kanti ucapan Alhamdulillah Wasyukrulillah. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumebering rohmat taufik lan hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu angkrawuhi undangan wonten ing pawiwahan walimatul ‘urusy ing siang meniko, kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.

Sholawat salam mugi katetepaken wonten ngersanipun  junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumeber dateng poro shohabat, ahli waris, ta’biin lan tabiittabiin. sahinggo mugio saget mahanani dumateng panjenengan ipun bapak KUSNAN dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro lan putri, ingkang asesilih Raden mas bagus ALI LUKMAN soho roro diyah ayu SRI WAHYUNI, mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkang sakinah,wamadah warohmah, ,  Amin………

 ‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan  !!
Pramilo kaulo minangkani Staf Pranoto Adicoro, keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro, ingkang sampun rinacik Wonten ing siang meniko.

·         Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih, atur pambuko
·         Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an, dumawah adicoro ongko kalih
·         adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
·         Sepindah  saking dutaning besan minongko pasrah, pinanganten
·         salajengipun Atur pambagyo soho panampi pinanganten, ingkang mengku gati.
·         Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy utawi istirohat
·         Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
·         soho adicoro ingkang ongko Nenem  nun inggih do'a, minongko panutuping adicoro.

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab  , mugiyo pawiwahan siang punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH
tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an, ingkang bade kawahos dening …………………….….……….  wekdal soho sasono kawulo aturaken.
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji, mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x

 ‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan  !!
 Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ……………………………………  minangka talang boso saking keluawarga  pinanganten kakung, wekdal saha sasono kawula aturaken .
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco.

Selajengipun inggih meniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati,
ingkang badhe dipun sulih sarirani dening bapak ……………………… pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken.

Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy/Istirohat
pramila dhumateng para kadang sinoman utawi panitia kalong, dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng Grub Rebana ……………………….. kasuwun Ngisi kaliyan swasana wonten siang punika . sumangga …!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken
Bilih wedal Istirohat sampun dekap, mangga adicara wonten siang punika kita lajengaken.
   
Adicoro saklajengipun nun inggih Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah,
 Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu, mbetahaken piweling soho pitedah, pramilo panjenengan ipun Romo kyai  …………………………………. , kersoho paring warsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, soho kulo dalah panjenengan sedoyo umumipun.
 pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai…………………..………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.
 minangka adicara ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya Allah badhe kapandegani dening bapak …………………….…….. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( Kusnan dalah kluwargo ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu.

Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal sahengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
وبالله التوفق والهداية,  والسلام عليكم ......
Lan dumateng bapak ……………wekdal saha sasana kawula aturaken.